Rekayorek.id, Portal berita dan wadah berbagi kreativitas

Mengulik Ramalan Jaman Edan Serat Kalatida

Serat Kalatida yang berisi ramalan jaman edan diyakini merupakan serat karya pujangga agung R.Ng Ronggowarsito. Akan tetapi hasil penelisikan sastrawan Bratakesawa diketahui sebagian besar Serat Kalatida yang ditulis oleh Ronggowarsito mengutip sebagian isi Serat Centhini.

REKAYOREK.ID R.Ng Ronggowarsito di kenal sebagai pujangga agung yang sangat mumpuni di bidang kesusasteraan. Ribuan karya sastra telah berhasil ia tulis dengan sangat baik dan halus, baik dari sisi bahasa maupun carakanya.

Di akui atau tidak sampai saat ini belum ada pujangga atau sastrawan yang mampu menandingi kesusasteraan R.Ng Rongowarsito. Salah satu karya Ronggowarsito yang di akui oleh banyak orang dan telah mendunia yakni, Serat Kalatida yang berisi tentang ramalan jaman edan.

Makam R.Ng Ronggowarsito di Desa Palar, Trucuk, Klaten / Foto : istimewa

 

Akan tetapi benarkah Serat Kalathida yang berisi ramalan jaman edan murni merupakan hasil ramalannya?

Sastrawan Bratakesawa tahun 50an menulis terjemahan Serat Kalathida Ronggowarsitan yang pernah ia terjemahkan dan maknai isinya sebanyak tiga kali. Di awali tahun 1926, 1931 dan 1938. Selama menerjemahkan kemudian menerbitkanya ke media massa kala itu, sering terjadi perdebatan di kalangan para ahli sastra. Akan tetapi setelah Bratakesawa berhasil memperoleh referensi dari Serat Centhini, dia akui perdebatan perdebatan tersebut bisa jadi akan tidak ada.

Sebab isi Serat Kalathida seperti di tulis oleh sastrawan Bratakesawa banyak mengutip isi dari Serat Centhini.

Kalatidha Padha 1, 2 dan 3 mengambil Serat Cênthini pupuh Pucung dan Sinom. Padha 4 mengambil pupuh Sinom. Padha 5 mengambil pupuh Pucung dan Sinom. Padha 6 di isi dengan hasil karyanya sendiri. Padha 7 mengambil pupuh Pucung. Selanjutnya padha 8 hasil karyanya sendiri.

Mencocokan Serat Kalathida Ronggowarsito dengan Serat Centhini pupuh no. 257 dengan pupuh no.248 harus di lakukan dengan teliti, sebab banyak aksara yang sama atau hampir sama namun maknanya berbeda. Ada juga bahasa yang sama tetapi beda maksudnya.

Sementara itu bagian isi Serat Kalathida yang asli karangan pujangga Ronggowarsito sebenarnya berisi tentang kegelisahan hatinya yang tengah bertarung dengan nafsu. Hal tersebut tampak pada padha 8 yang berisi sandi nama pujangga Ronggowarsito yang berhasil mengalahkan nafsunya.

Lantas apa yang menyebabkan pujangga agung Ronggowarsito mengarang Serat Kalathida?

Cerita pagedongan mengatakan, R.Ng Rongowarsito adalah abdi dalem kaliwon pujangga di Keraton Surakarta. Akan tetapi yang benar sebenarnya abdi dalem kaliwon kadipaten, sebab jabatan abdi dalem pujangga sebenarnya tidak ada. Jabatan pujangga hanyalah pekerjaan sambilan.

Ronggowarsito kala itu terlihat memang paling menonjol kepandaianya, terlebih lagi di bidang kesusasteraan jawa. Oleh karena itu banyak orang mengira tak terkecuali dirinya sendiri jika ia akan di naikan pangkat menjadi seorang Bupati, seperti halnya R.T. Sastranegara ( Yosodipura II) kakeknya.

Pada suatu hari R.Ng. Ranggawarsita di panggil oleh PB IX untuk menghadap pada pisowanan di Keraton Surakarta. Dalam pisowanan P.B IX meminta Rongowarsito menebak isi kotak yang di pegangnya, kosong ataukah isi.

Mengetahui di uji oleh PB IX, Ronggowarsito mengeluarkan keluwihanya lalu manjawab isi. Kotak yang sebelumnya kosong tiba tiba berisi rokok yang di ikat tali sutera. Merasa kalah dan di anggap pamer kesaktian, PB IX marah lantas melempar kotak yang di pegangnya meminta Ronggowarsito mundur.

Meski PB IX mengakui jika Ronggowarsito memperlihatkan ilmu pujangganya, akan tetapi bagi PB IX tidaklah demikian kenyataanya.

Sepulang dari keraton Ronggowarsito merasa bahwa ia tidak mungkin akan di angkat menjadi bupati. Kegaulaan hati karena nafsu serta melihat kondisi keraton saat itu, lantas di ungkapkan Ronggowarsito ke dalam Serat Kalathida.

Sebagian Serat Centhini menurut sastrawan Bratakeswa di kutip, di benahi dan di tambahi dengan karyanya menjadi Serat Kalathida.

Berikut isi Serat Kalathida yang di tulis oleh Pujangga Ronggowarsito,

1. Mangkya dalajating praja | kawuryan wus sunya ruri | rurah pangrèhing ukara | karana tanpa palupi | atilar silastuti | sarjana sujana kèlu | kalunglun kalatidha | tidhêm tandhaning dumadi | ardayèng rat dening karoban rubeda ||

2. Ratune ratu utama | patihe patih linuwih | pra nayaka tyas raharja | panêkare bêcik-bêcik | parandene tan dadi | paliyasing Kalabêndu | malah sangkin andadra | rubeda kang ngrêribêdi | beda-beda ardane wong sanagara ||

3. Katêtangi tangisira | sira sang paramèng kawi | kawilêt ing tyas duhkita | kataman ing rèh wirangi | dening upaya sandi | sumaruna anarawung | pangimur manuara | mèt pamrih melik pakolih | têmah suka ing karsa kurang wêweka ||

4. Kasok karoban pawarta | bêbaratan ujar lamis | pinudya dadya pangarsa | wêkasan malah kawuri | yèn pinikir sayêkti | mundhak apa anèng ngayun | andhêdhêr kaluputan | siniraman banyu lali | lamun tuwuh dadi kêkêmbanging beka ||

5. Ujaring panitisastra | awêwarah asung peling | ing jaman kênèng musibat | wong ambêk jatmika kontit | mêngkono yèn nitèni | pedah apa amituhu | pawarta lalawara | mundhak angrêranta ati | angur baya ngikêta caritèng kuna ||

6. Kêni kinarya darsana | panglimbang ala lan bêcik | sayêkti akèh kewala | lêlakon kang dadi tamsil | masalahing ngaurip | wahananira tinêmu | têmahan anarima | mupus pêpêsthèning takdir | puluh-puluh anglakoni kaelokan ||

7. Amênangi jaman edan | ewuh-aya ing pambudi | milu edan nora tahan | yèn tan milu anglakoni | boya kaduman melik | kalirên wêkasanipun | dilalah karsa Allah | bêgja-bêgjane kang lali | luwih bêgja kang eling lawan waspada ||

8. Samono iku bêbasan | padu-padune kapengin | ênggih mêkotên Man Dhoblang | bênêr ingkang angarani | nanging sajroning batin | sajatine nyamut-nyamut | wis tuwa arêp apa | muhung mahas ing asêpi | supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma ||

9. Beda lan kang wus santosa | kinarilan ing Hyang Widhi | satiba malanganeya | tan susah ngupaya kasil | saking mangunah prapti | Allah paring pitulung |[3] marga samaning titah | rupa sabarang pakolih | parandene maksih tabêri ihtiyar ||

10. Sakadare linakonan | mung tumindak mara ati | anggêr tan dadi prakara | karana wirayat muni | ihtiyar iku yêkti | pamilihing rèh rahayu | sinambi budidaya | kanthi awas lawan eling | kang kaèsthi antuka marmaning Suksma ||

11. Ya Allah ya Rasulullah | kang sipat murah lan asih | mugi-mugi aparinga | pitulung kang anartani | ing alam awal akhir | dumunung ing gêsang ulun | mangkya sampun awrêdha | ing wêkasan kadi pundi | mila mugi wontêna pitulung Tuwan ||

12. Sagêda sabar santosa | mati sajroning ngaurip | kalis ing rèh aru-ara | murka angkara sumingkir | tarlèn mêlêng malat-sih | sanityasèng tyas mêmasuh | badharing sapu-dhêndha | antuk mayar sawatawis | borong angga suwarga mèsi martaya ||

Terjemahanya :

1. Ngalamat kang ala tumrap nêgara saiki iki, katon sêpi mamring, rusak panyêkêling praja, amarga tanpa tuladhan, ninggal tataning panêmbah. Para wasis lan wicaksana uga katut kêna pêngaruhing swasana kang ora têntrêm, nganti ora katon tandha-tandhane titah kang sampurna. Jagade susah-sêdhih jalaran kêbanjiran godha rêncana.

2. Kang jumênêng ratu iya ratu utama, patihe iya pinunjul, para nayakane jujur atine, para panêkare bêcik-bêcik, suprandene ora dadi sarat panulaking jaman Kalabêndu, malah saya ndadra godha rêncana kang ngrêribêdi, wong sanêgara warna-warna dêrênging angkara murkane.

3. Ki pujangga nggagas-nggagas nganti nangis, saka susahing atine, awit êmoh marang kacrabaan. Ing kiwa têngên kêbak panggawe ala kang ora ngêblak. Ana kang andhap asor lan ngayêm-ayêmi ati, jêbul duwe pamrih lan melik. Tiwas gawe bungah nganti kurang pangati-ati.

4. Kana kene padha ngabari, jêbul mung kabar angin lêlamisan. Jarene mèlu mujèk-mujèkake dadi pêngarêp, wusanane kok malah kêsingkur. Yèn dipikir têmênan, wuwuh apane ta wong dadi pêngarêp iku? Malah prasasat ndhêdhêr wijining kaluputan, yèn lali, prasasat nyirami wiji kang didhêdhêr mau. Lah yèn wiji mau wis thukul, ora wurung iya mung arupa rêribêd.

5. Ing layang Nitisastra rak wis mituturi, yèn ing jaman bêbêndu iki: wong jujur tiba asor. Yèn wis nitèni iya kaya mangkono têmênan, pêrlune apa ndadak nggugu kabar ngayawara, mung gawe susahing ati. Aluwung ngarang-ngarang cêrita jaman biyèn.

6. Kêna dianggo tuladha, ditandhing-tandhing êndi kang ala êndi kang bêcik. Sanyatane akèh bae lêlakon kang dadi conto soale wong urip iku, wêkasan ngundhuh wohing panggawene. Wusana sumèlèh atine, mupus pêpêsthèning nasibe: puluh-puluh kudu kataman ing lêlakon anèh.

7. Urip mênangi jaman edan, dipikir-pikir mung sarwa ngewuhake. Arêp milu edan ora mêntala, yèn ora milu edan ora kêduman melik, wakasane[4] kalirên. Nanging Gusti Allah iku adil: bêgjaha dikaya ngapa wong kang tumindak lali, milih edan, luwih bêgja kang eling, milih ora milu edan.

8. Muni “luwih bêgja kang eling” iku rak mung lahire, ora têrus ing batin. Batine iya kapengin kang tumindak edan. Rak nggih mêkotên ta Man Dhoblang? Kok ya bênêr kang ndakwa mangkono iku, nanging sajati-jatine têmênan, batine wis adoh bangêt ora mikir kang ngono-ngono iku. Wis tuwa arêp kapengin apa manèh ta, kêjaba mung nêdya mungkur saka parameyan, supaya olèh pangapuraning Pangeran.

9. Beda karo wong kang wis santosa imane, wis olèh kanugrahaning Pangeran, ora ndadak mikir warna-warna, satibane têntrêm. Ora susah kêraya-raya golèk pangupa jiwa, saka pitulunging Pangeran, sandhang pangan têka dhewe, êmbuh rupane lan jalarane, lantaran sapadhaning tumitah. Suprandene isih tabêri “bêrusaha”.

10. “Berusaha” utawa ichtiyar miturut kabisane lan kêkuwatane, adhêdhasar gawe sênênge sapadha-padha lan milih kang kalal. Awit piwulange para lêluhur: manungsa iku wajib ichtiyar, wênang nampik kang ala milih kang bêcik. Sajroning ichtiyar dirangkêpi budi-daya kanthi awas lan eling, pangèsthine muga-muga Pangeran maringi nugraha.

11. Dhuh Allah dhuh Rasulullah, ingkang asipat mirah lan asih, mugi-mugi Tuwan paring pitulung ingkang nyrambahi tumrap gêsang kula wontên ing donya tuwin akerat. Kula sampun sêpuh, kados pundi wêkasanipun, dhuh, mila mugi wontêna pitulung Tuwan.

12. Mugi kula sagêd sabar lan santosa iman kula, sagêd sampurna ngèlmi kula, sagêda botên kataman rêribêd, tinêbihna saking murka lan angkara, botên wontên marginipun malih kajawi sarana têmên-têmên ing pangabêkti kula dhatêng Tuwan, linambaran ngêngirangi nêdha tuwin tilêm. Mugi-mugi kula lajêng pinaringan luwar saking panandhang siksa, icala ingkang karaos awrat punika. Dhuh Pangeran, sumangga jiwa raga kula, sagedipun dumugi ing swarga têntrêm.[judiantoro]

Komentar
Komentar sepenuhnya tanggung jawab pribadi. Hindari penggunaan kata yang mengandung pelecehan, intimidasi, dan SARA.
Loading...